PASINAON BASA JAWA KAPING RONG ATUS TELUNG PULUH PITU
EDHISI MIRUNGGAN: 28 SEPTEMBER 2012

Bandhinganipun Ukara Basa Krama Alus kaliyan Basa Ngoko

Ing ngandhap menika kajajaraken pawicantenan basa krama alus kaliyan basa ngoko, pawicantenanipun Mas Sunardi kaliyan Jeng Niken kanca ingkang sami dene urmat-ingurmatan. Kapriksanana tabelipun, saha karaosna kinten-kinten kadospundi swasananing pawicantenan.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia

Perbandingan Kalimat Bahasa Krama Halus dengan Bahasa Ngoko

Di bawah ini dibandingkan dialog berbahasa krama halus dengan bahasa ngoko, dialog antara Mas Sunardi dengan Jeng Niken, sesama teman yang saling menghormati. Lihatlah tabel, serta rasakan kira-kira bagaimana suasana dialognya.

Paraga Basa krama alus Basa ngoko
1. Mas Sunardi Lo, Jeng badhe tindak pundi? Lo, Ken, kowe arep neng ngendi?
2. Jeng Niken Badhe dhateng Klathen, dipun timbali Bapak. Arep neng Klaten Dhi, aku diundang Bapak.
3. Mas Sunardi Sajakipun kagungan prakawis wigatos, ingkang Rama nimbali Jeng Niken? Sajake ana prekara sing perlu,Bapakmu ndadak ngundang kowe?
4. Jeng Niken Ngandikanipun Bapak, Ibu gerah, ngantos mlebet griya sakit. Jarene Bapak, Simbok lara nganti mlebu rumah sakit.

Terjemahan Bahasa Indonesia:

  1. Lo, Ken kamu mau ke mana?
  2. Mau pergi ke Klaten, dipanggil ayah.
  3. Kelihatannya ada masalah penting, ayahmu memanggilmu?
  4. Kata ayah, ibu sakit, hingga masuk rumah sakit.

Suwandi

Naskah diambil dari �Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa� karangan Drs. Haryana Harjawiyana, S.U. dan Drs. Th. Supriya, tahun 2001, penerbit: Kanisius Yogyakarta.