Beritabudaya » WULAN HAJI

WULAN HAJIOra let suwe maneh, pase ing tanggal 6 November 2011 besuk, umat muslim sadonya padha ngrayakake Idul Adha. Wulan Haji ateges puncake mbeleh kewan kurban, kayata onta (yen neng tanah Arab), sapi, lan wedhus (ing tlatah liyane). Ing wulan Haji iku, umat muslim sadonya sing kuwat ragade, padha nindakake salah sawijining rukun Islam, yaiku munggah Haji ing tanah Arab, yaiku ing kutha Mekah lan Madinah. Luwih saka wong rong yuta saka pirang-pirang negara tumplek bleg dadi siji nindakake prosesi Haji, kayata “lempar jumroh”, “tawaf”, “sa’i”, lan liya-liyane. Sawise iku sholat Idul Adha, banjur padha mbeleh kewan kurban.

Saben ngancik wulan Haji, masarakat muslim saka Indonesia uga ora kalah ribut nyiapake Idul Kurban. Sing arep munggah Haji, wis padha gawe acara “pamitan Haji” tumrap tangga teparone. Saliyane iku, padha ngeterake calon Haji menyang “Pondok Haji” lan nguntabake menyang “bandara”. Saliyane iku, sebageyan masarakat liyane wis padha diributake dening dol-tinuku kewan kurban. Yen sadurunge sasi kurban, kewan sapi lan wedhus regane murah, ngancik sasi Haji, reregan sapi baka sethithik mundhak regane. Bisa-bisa rega sapi bisa luwih saka 7,5 yuta rupiyah. Sing sadurunge sasi Haji ora kurang saka rega 5 yuta rupiyah.

Sasi Haji utawa yen wong Jawa ngandhakake sasi Besar, saliyane padha diributake bab dol-tinuku sapi kurban, uga diramekake dening wong duwe gawe. Wong Jawa isih percaya, yen sasi Besar, dianggep salah sijine sasi apik kanggo duwe gawe, klebu mantu. Mula ora mokal, ing sasi Besar iki akeh wong padha mantokake putra-putrine sing arep omah-omah. Yen wis ngono, undhangan ndlidir teka. Mula padha akeh wong nyumbang manten ing sasi Besar iki.

Berita

BULAN HAJI

Tidak lama lagi, tepatnya tanggal 6 November 2011 besuk, umat muslim sedunia merayakan Idul Adha. Bulan Haji berarti puncaknya menyembelih hewan kurban, seperti onta (jika di tanah Arab), sapi, dan kambing (di daerah lainnya). Pada bulan Haji ini, umat muslim sedunia yang mampu secara materi, melaksanakan salah satu rukun Islam, yaitu naik Haji ke tanah Arab, yaitu di kota Mekah dan Madinah. Lebih dari 2 juta orang dari berbagai pelosok dunia bergabung menyatu melakukan prosesi Haji, seperti lempar jumroh, tawaf, sa’i, dan lain sebagainya. Setelah itu melakukan sholat Idul Adha, kemudian menyembelih hewan kurban.

Setiap menjelang bulan Haji, masyarakat muslim Indonesia juga tidak kalah ribut menyiapkan Idul Kurban. Yang hendak naik Haji, sudah membuat acara pamitan Haji bagi para tetangga. Selain itu, sebagian masyarakat sibuk mengantarkan calon calon Haji ke Pondok Haji dan mengantarkan ke bandara. Selain itu, sebagian masyarakat lainnya sudah diributkan oleh jual-beli hewan kurban. Jika sebelumnya bulan kurban, hewan sapi dan kambing harganya murah, menjelang bulan Haji, harga-harga sapi sedikit demi sedikit merangkak harganya. Bisa-bisa harga sapi bisa lebih dari 7,5 juta rupiah. Yang sebelumnya bulan Haji tidak kurang dari harga 5 juta rupiah.

Bulan Haji atau jika orang Jawa menyebutnya bulan Besar, selain direpotkan dengan jual-beli hewan kurban, juga diramaikan orang punya hajat. Orang Jawa masih percaya, jika bulan Besar, dianggap sebagai salah satu bulan baik untuk punya hajat, termasuk menikahkan anak. Maka tidak aneh, di bulan Besar ini banyak orang menikahkan putra-putrinya yang hendak berumah tangga. Kalau sudah begitu, undangan terus-menerus datang. Maka banyak orang menyumbang pernikahan di bulan Besar ini.

Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono