Beritabudaya » COBLOSAN KUTHA NGAYOGYAKARTA 2011
Kutha Ngayogyakarta ing taun iki ngadani maneh coblosan kanggo milih walikota lan wakile. Ana telung calon pasangan kang melu ngramekake pemilukada kutha Ngayogyakarta ing taun iki, yaiku pasangan Zuhrif Hudaya-Auliya, pasangan Hanafi Rais-Tri Harjun, lan pasangan Haryadi-Imam. Ing wektu iki, katelune padha digawe repot ngadani kampanye kanggo ngyakinake warga masarakat kutha Ngayogyakarta supaya padha gelem milih para kontestan kasebut. Akeh program lan janji kang padha diumbar, kayata dana milyaran kanggo mbangun kampung, tetep njaga lan merjuwangake keistimewaan Yogyakarta, ora arep njupuk gajine sasuwene dadi walikota, lan liya-liyane maneh.
Yen ora ana alangan, warga masarakat padha arep nindakake coblosan ing dina Minggu, 25 September besuk. Mesthi wae warga masarakat wis duwe pilihan dhewe-dhewe tumrap sing arep dicoblos. Mung mesthine isih akeh sing padha gojag-gajeg, apa calon sing dipilih besuk iku bisa nandhingi walikota sadurunge sing kondhang bisa gawe marepe warga masarakat. Pancen masarakat Ngayogyakarta isih padha sangsi, apa calon walikota besuke iku bisa tumindak apik ngluwihi walikota sadurunge. Kamangka walikota sadurunge, yaiku Herry Zudianto kang wis dadi walikota 10 taun tumrap kutha Ngayogyakarta wis bisa mbangun tatanan luwih apik tinimbang taun-taun sadurunge. Ora mung bab mbrastha korupsi, nanging uga akeh program sing mbela rakyat cilik, kayata: bab KMS, dana pendhidhikan BOSDA, lan liya-liyane.
Iku sing ndadekake warga masarakat Ngayogyakarta isih padha sangsi, aja-aja sing kepilih dadi walikota besuke ora bisa ngluwihi Herry Zudianto, nanging malah suwalike. Mula ora gampang milih calon walikota lan wakile, yen pancen durung kebukten kaya sing wis kelakon. Aja nganti walikota sing kepilih besuke malah dadi cilakaning masarakat, ngendelake korupsi lan nepotisme. Yen wis kejlomprong menyang KKN, kutha Ngayogyakarta wis ora kajen maneh, lan sing cetha pimpinane ora beda karo dhaerah-dhaerah liya sing akeh kena kasus korupsi lan mlebu bui. Apa malah ora cilaka?
Berita
COBLOSAN KOTA YOGYAKARTA 2011
Kota Yogyakarta di tahun ini melaksanakan lagi coblosan untuk memilih walikota dan wakilnya. Ada tiga calon pasangan yang ikut meramaikan pemilukada kota Yogyakarta di tahun ini, yaitu pasangan Zuhrif Hudaya-Auliya, pasangan Hanafi Rais-Tri Harjun, dan pasangan Haryadi-Imam. Pada saat ini, ketiga pasangan dibuat sibuk sedang melaksanakan kampanye untuk meyakinkan warga masyarakat kota Yogyakarta agar mau memilih para kontestan tersebut. Banyak program dan janji yang disampaikan, seperti dana milyaran untuk membangun kampung, tetap menjaga dan memperjuangan keistimewaan Yogyakarta, tidak akan mengambil gaji selama menjabat walikota, dan sebagainya.
Jika tidak ada halangan, warga masyarakat akan melaksanakan coblosan di hari Minggu, 25 September mendatang. Tentu saja warga masyarakat sudah mempunyai pilihan sendiri-sendiri terhadap calon yang akan dicoblos. Hanya saja tentunya masih banyak warga yang ragu-ragu, apakah calon yang dipilih besuk itu bisa mengimbangi walikota sebelumnya yang terkenal dapat membuat puas warga masyarakat. Memang masyarakat Yogyakarta masih merasa ragu, apakah calon walikota nanti itu bisa berbuat terbaik melebihi walikota sebelumnya. Padahal walikota sebelumnya, yaitu Herry Zudianto yang sudah menjadi walikota 10 tahun bagi Kota Yogyakarta sudah bisa membangun tatanan lebih baik daripada tahun-tahun sebelumnya. Tidak hanya dalam hal memberantas korupsi, tetapi juga banyak program yang bertujuan membela rakyat kecil, seperti: bab KMS, dana pendidikan BOSDA, dan sebagainya.
Itu yang membuat warga masyarakat Kota Yogyakarta masih merasa ragu, jangan-jangan yang terpilih menjadi walikota nanti kerjanya tidak bisa melebihi Herry Zudianto, bahkan justru sebaliknya. Maka tidak mudah memilih calon walikota dan wakilnya, jika memang belum terbukti bertindak. Jangan sampai walikota yang terpilih nanti justru menjadi malapetaka bagi masyarakat, mementingkan korupsi dan nepotisme. Jika sudah terjerumus ke KKN, Kota Yogyakarta sudah tidak dihargai lagi, dan yang jelas pemimpinnya tidak berbeda dengan daerah-daerah lain yang banyak terkena kasus korupsi dan masuk penjara. Apakah tidak bertambah celaka?
Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono







