Beritabudaya » AKEH SING PADHA LULUS

AKEH SING PADHA LULUSIng wulan Mei iki, para siswa SMA klas III (XII) lan sadrajat padha nampa pambyawara (pengumuman) kalulusan, sawise ing wulan April kapungkur padha melu Ujian Nasional (Unas), bareng sa-Indonesia. Beda karo taun-taun sadurunge, taun iki ora ana ujian susulan. Dadine sing ora bisa melu kepeksa ya dibaleni maneh ing taun sesuke utawa melu ujian Paket C. Nanging, ora ketang ora nganggo ujian susulan, ing taun iki biji sekolah uga kanggo ngetung kalulusane siswa. Malah prosentase antarane biji sekolah lan Ujian Nasional, bandhinge 40:60. Gandheng biji sekolah uga melu nemtokake kalulusan, mula ing taun iki, prosentase kalulusane siswa ing saben sekolahan luwih dhuwur tinimbang ing taun-taun sadurunge, kang pancen mung dietung saka biji murni ujian nasional. Mula ora maido, ing taun iki, akeh sekolahan kang siswane lulus 100%. Yen pancen ana sekolahan sing ora bisa nganti lulus 100% ateges alangan. Bisa uga disebabake pancen bocahe sing kebangeten, utawa bisa uga garapane siswa ora kewaca komputer.

Mesthi wae akeh para siswa sing padha seneng lan sukuran. Sebageyan isih ngrayakake kalulusan mau nganggo ngorek-orek klambi karo rambut nganggo cet lan mubeng-mubeng (konvoi) nganggo motor. Nanging sebageyan maneh nyukuri kanthi tumindak sing ana paedahe tumrap liyan, kayata ngedum sega, ngedum klambi sekolah sing wis ora kanggo maneh, baksos, lan liya-liyane. Sedhela maneh, bocah sekolah ing tataran SMP (sadrajat) lan siswa SD (sadjarat) uga nyusul padha ngrayakake kalulusane.

Kanthi akehe para siswa sing lulus mesthi wae gawe bungahe kulawarga, sekolah lan nagara. Nanging sejatine kanthi akehe lulusan siswa mau, bisa uga gawe susahe negara, ateges nambahi cacahe wong nganggur. Pancen bener sebageyan padha nerusake sekolah utawa entuk pagaweyan. Nanging, sebageyan gedhe ora bisa nerusake kuliah amarga pancen ragad kanggo sekolah saiki larange tikel-matikel. Kamangka, para siswa sing langsung bisa nyambut gawe uga mung winates banget. Ora bandhing karo cacahe siswa lulus. Yen saben taun, sing lulus luwih akeh tinimbang sing nerusake utawa nyambut gawe, ateges sing nganggur tansaya mundhak akeh. Apa maneh, saiki racake pamarentah ora nggiyatake program sing pro-rakyat lan akeh nyerep tenaga, bisane mung impor barang, tansaya ngundhakake para wong nganggur ing Indonesia. Ateges wong nganggur tansaya akeh, kejaba yen gelem dadi TKI sing kerep disiksa.

Berita

BANYAK YANG LULUS UJIAN

Pada bulan Mei ini, para siswa SMA klas III (XII) dan sederajat menerima hasil pengumuman kelulusan, setelah di bulan April lalu melaksanakan Ujian Nasional (Unas), serentak se-Indonesia. Beda dengan tahun-tahun sebelumnya, tahun ini tidak ada ujian susulan. Jadi bagi yang tidak bisa ikut ujian terpaksa mengulangi tahun depan atau mengikuti Paket C. Tetapi, biarpun tidak menggunakan ujian susulan, di tahun ini nilai sekolah juga untuk mempertimbangkan kelulusan siswa. Bahkan prosentase antara nilai sekolah dan Ujian Nasional, dengan perbandingan 40:60. Berhubung nilai sekolah juga ikut menentukan kelulusan, maka di tahun ini, prosentase kelulusan siswa di setiap sekolah lebih tinggi dibandingkan dengan tahun-tahun sebelumnya, yang memang hanya dihitung dari nilai murni ujian nasional. Maka tidak heran, di tahun ini, banyak sekolah yang siswanya lulus 100%. Jika memang ada sekolah yang tidak bisa lulus hingga 100% berarti halangan. Bisa juga disebabkan dari siswanya yang keterlaluan, atau bisa jadi karena pekerjaan siswa yang tidak terbaca komputer.

Tentu saja banyak siswa yang senang dan mengadakan syukuran. Sebagian lagi masih merayakan kelulusan dengan mencorat-coret baju dan rambut dengan cat dan konvoi menggunakan motor. Tetapi sebagian lagi mensyukurinya dengan berbuat yang lebih bermanfaat bagi orang lain, seperti membagi-bagikan bungkusan nasi, pakaian seragam bekas baksos, dan lain-lain. Sebentar lagi, anak sekolah di tingkatan SMP (sederajat) dan siswa SD (sederajat) juga menyusul merayakan kelulusannya.

Dengan banyaknya para siswa yang lulus tentu saja membuat bahagia keluarga, sekolah dan negara. Tetapi sebenarnya dengan banyaknya lulusan siswa tadi, bisa juga membuat susah negara, sebab menambah jumlah penganggur. Memang benar sebagian dari mereka bisa meneruskan sekolah atau mendapat pekerjaan. Tetapi, sebagian besar tidak bisa meneruskan kuliah karena memang biaya sekolah sekarang mahalnya berlipat-lipat. Padahal, para siswa yang langsung bisa bekerja juga sangat terbatas. Tidak sebanding dengan jumlah lulusan. Jika setiap tahun, yang lulus lebih banyak daripada yang bekerja, berarti yang menganggur semakin bertambah banyak. Apalagi, sekarang umumnya pemerintah tidak menggiatkan program yang pro-rakyat dan banyak menyerap tenaga, bisanya hanya impor barang, semakin menambah penganggur di Indonesia. Berarti penganggur semakin banyak, kecuali jika mau menjadi TKI yang sering disiksa.

Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono