Beritabudaya » WONG JAWA ING SURINAME

WONG JAWA ING SURINAMEWiwitane ana wong Jawa ing negara Suriname ing benua Amerika Latin kira-kira taun 1890 kepungkur. Wong-wong Jawa kang tekan kana amarga digawa dening Walanda kanggo tenaga ing kebon-kebon duweke Walanda. Nganti tekan saiki, kira-kira wis luwih saka 120 taun wong Jawa ing Suriname. Malah wong-wong Jawa ing Suriname kasebut wis turun-temurun, lan saiki wis nganti tekan turunan kang kaping papat utawa lima. Dene cacahe wong Jawa ing negara iku, kira-kira gunggunge luwih saka 72.000 wong. Malah sebageyan wong Jawa kasebut wis akeh sing dadi wong, tegese oleh kalungguhan ing pamarentahan eksekutif lan legislatif. Mangkono, lapuran ringkes saka sawijining warga Jawa kang diundang dadi narasumber ing Kongres Bahasa Jawa (KBJ) V ing Surabaya, 27—30 November 2011 kepungkur.

KBJ V kasebut kaleksanan maneh ing Jawa Timur lan dieloni dening kira-kira 600 panyarta, saka Jawa Timur, Jawa Tengah, lan DIY. Sebageyan panyarta asale saka jaban telung propinsi kasebut, kayata saka Bali, Lampung, DKI Jakarta, Banten, lan sebageyan saka jaban negara, contone saka Australia, Walanda, Amerika Serikat, lan liya-liyane. Dene makalah sing digelar, kira-kira ana 70-an luwih, wiwit saka makalahe para pejabat, nganti tekan makalahe para winasis ing babagan basa, sastra, lan budaya Jawa. Apike, ing swasana kongres kaping lima iki, racake makalah katulis utawa diaturake nganggo basa Jawa, ana sing ngoko lan sebageyan maneh krama.

Kongres ing Surabaya iki kagelar ing Hotel JW. Marriot. Dene pambuka kaleksanan ing “Convention Hall, Grand City” Surabaya. Adicara kongres dhewe diadani ing JW. Marriot nganti rampung lan adicara panutupane. Sawetara iku, sesasi sadurunge, ing pungkasane sasi Oktober 2011, uga diadani Konggres Sastra Jawa III ing Bajanegara, Jawa Timur. Ana sing kandha yen KSJ ini minangka tandhingane KBJ. Ning yen dirasakake, sejatine anane KBJ lan KSJ malah padha-padha apike kanggo ngrembakane bab basa, sastra, dan budaya Jawa. Muga-muga wae, kekarone bisa gawe majuning nusa lan bangsa Indonesia.

Berita

ORANG JAWA DI SURINAME

Awal keberadaan orang Jawa di negara Suriname di benua Amerika Latin kira-kira tahun 1890 lalu. Orang-orang Jawa yang tiba di sana karena dibawa oleh Belanda untuk menjadi tenaga di perkebunan-perkebunan milik Belanda. Hingga saat ini, kira-kira sudah lebih dari 120 tahun orang Jawa di Suriname. Bahkan orang-orang Jawa di Suriname tersebut telah beranak-pinak, dan sekarang telah sampai generasi ke empat atau lima. Sementara itu jumlah orang Jawa di negara itu, kira-kira jumlahnya kurang lebih 72.000 orang. Bahkan sebagian orang Jawa tersebut telah banyak yang sukses, artinya memperoleh kedudukan di pemerintahan eksekutif dan legislatif. Demikian, laporan ringkas salah satu warga Jawa Suriname yang diundang menjadi narasumber di Kongres Bahasa Jawa (KBJ) V di Surabaya, 27—30 November 2011 lalu.

KBJ V tersebut terlaksana lagi di Jawa Timur dan diikuti oleh sekitar 600 peserta, dari Jawa Timur, Jawa Tengah, dan DIY. Sebagian peserta lainnya berasal dari luar ketiga provinsi tersebut, seperti dari Bali, Lampung, DKI Jakarta, Banten, dan sebagian lagi dari luar negeri, seperti dari Australia, Belanda, Amerika Serikat, dan lain sebagainya. Sementara makalah yang disajikan, kurang lebih ada 70-an makalah, mulai dari makalah para pejabat, hingga makalah sarjana di bidang bahasa, sastra, dan budaya Jawa. Baiknya, pada situasi kongres kelima ini, mayoritas makalah ditulis atau disampaikan dalam bahasa Jawa, ada yang ragam ngoko dan sebagian lagi ragam krama.

Kongres di Surabaya ini digelar di Hotel JW. Marriot. Sementara pembukaan digelar di “Convention Hall, Grand City” Surabaya. Acara kongres sendiri dilaksanakan di JW. Marriot hingga selesai, begitu pula acara penutupan. Sementara itu, sebulan sebelumnya, di akhir bulan Oktober 2011, juga dilaksanakan Konggres Sastra Jawa (KSJ) III di Bojonegoro, Jawa Timur. Ada yang mengatakan jika KSJ ini sebagai tandingan KBJ. Tetapi kalau dirasakan, sebenarnya keberadaan KBJ dan KSJ justru sama baiknya untuk mengembangkan bahasa, sastra, dan budaya Jawa. Semoga saja sama-sama membawa kemajuan bagi nusa lan bangsa Indonesia.

Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono