Beritabudaya » UMYEG UMP
Saben ngancik taun anyar, mesthi krungu kabar bab umyeging bab upah minimum provinsi (UMP) utawa kabupaten (UMK). Meh saben taun krungu kabar kang mangkono iku. Dadi iku kabar klasik kang mesthi metu nalika ngancik taun anyar. Bab kasebut metu, amarga ora ana pathokan resmi saka pamarentah bab undhaking UMP kanthi ajeg. Beda karo pegawe negri sipil (PNS) kang mesthi entuk undhak-undhakan ajeg, luwih saka cukup, lan resmi saka presidhen, dadi ora akeh kang padha regejegan.
Dene umyeging UMP saben taun, amarga durung ana pasarujukan (kesepakatan) saka buruh, pengusaha, lan pamarentah bab undhak-undhakan kang gumathok. Buruh njaluke undhak-undhakan mau bisa nyukupi kabutuhane padinan saben sasine kang layak kanggo urip. Kang mangkono iku dijaluk amarga, UMP kang ditetepake pamarentah saben taune isih adoh saka kabutuhan urip layak padinan. Yen wis mangkono iku, mesthi undhak-undhakan sing dijaluk bisa gedhe lan ngluwihi prosentase kang wajar.
Para pengusaha dhewe njaluke undhak-undhakan mung sethithik wae, supaya ora tambah nambahi beban biaya saka prodhuksi. Malah yen bisa karepe para pengusaha ora susah upah buruh diundhakake, kareben bathine tansaya akeh. Apa maneh para pengusaha nganggep saingan usaha tansaya abot. Dene pamarentah dhewe racake uga luwih abot mbela para pengusaha tinimbang buruh. Pamarentah mbela pengusaha amarga sing rumangsa menehi pajeg gedhe marang pamarentah tinimbang marang buruh. Mula saben taun umyeg bab UMP ora tau kendho. Tekan kapan umyeg UMP bakal dumadi?
Berita
RIBUT UMP
Setiap menjelang tahun baru, mesti terdengar kabar masalah keributan upah minimum provinsi (UMP) atau kabupaten (UMK). Hampir setiap tahun terdengar berita seperti itu. Jadi itu berita klasik yang mesti muncul ketika menjelang tahun baru. Masalah itu selalu muncul, sebab tidak ada dasar resmi dari pemerintah tentang kenaikan UMP secara ajeg. Beda dengan pegawai negeri sipil (PNS) yang tentu mendapat kenaikan teratur, lebih dari cukup, dan resmi dari presiden, jadi tidak banyak yang saling ribut.
Sementara itu keributan UMP buruh setiap tahun terjadi, sebab belum ada kesepakatan dari buruh, pengusaha, dan pemerintah mengenai kenaikan upah yang tetap. Buruh meminta kenaikan tadi bisa untuk mencukupi kebutuhan sehari-hari setiap bulannya yang layak untuk hidup. Demikian itu diminta sebab UMP yang ditetapkan pemerintah setiap tahunnya masih jauh dari kebutuhan hidup layak sehari-hari. Jika sudah demikian itu, tentu kenaikan yang dituntut bisa besar dan melebihi prosentase yang wajar.
Para pengusaha sendiri meminta kenaikan hanya kecil saja, agar tidak menambah beban biaya produksi. Bahkan kalau bisa harapan dari para pengusaha tidak usah ada kenaikan upah buruh, agar keuntungan bisa naik. Apalagi para pengusaha beralasan persaingan usaha semakin berat. Sementara pemerintah sendiri biasanya juga lebih peduli membela para pengusaha daripada buruh. Pemerintah membela pengusaha karena merasa memberi pajak besar kepada pemerintah daripada membela kepada buruh. Maka tidak heran setiap tahun ribut masalah UMP tidak pernah selesai. Sampai kapan keributan UMP akan usai?
Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono







