Beritabudaya » SASI RUWAH
Sasi Ruwah mono salah sawijining araning sasi Jawa. Yen ing sasi Arab diarani sasi Sakban. Dijenengake sasi Ruwah, amarga ing sasi iki, racake bebrayan (masarakat) Jawa padha nganakake tradhisi nyekar arwahe para leluhur ing pasareyan kanggo kirim donga. Tradhisi nyekar leluhur iku uga kerep diarani nyadran. Mula ora mokal, rega kembang lan ubarampene kanggo nyekar ing sasi Ruwah luwih larang tinimbang ing sasi liyane. Ora mung kuwi, rega-rega liyane uga banjur padha mundhak, amarga akeh wong padha butuh kanggo nyawisake tradhisi nyadran. Sing cetha kabutuhan padinan, kayata beras, gula, lenga goreng, lan liya-liyane banjur padha ndedel regane. Ing tradhisi nyadran, uga isih akeh warga masarakat sing padha gawe ketan, kolak, lan apem minangka srana kanggo nyadran.
Sasi Ruwah uga ateges wis nyedhaki sasi Pasa utawa istilah Arabe sasi Ramadhan. Wis kaya adat saben uga, kanggone masarakat Jawa lan masarakat liyane ing nuswantara iki sing padha arep methukake sasi Pasa, ndadekake rega-rega barang melu mundhak ndedel. Iku wis jamak lan saben ngadhepi Pasa, mesthi rega barang mundhak. Kaya-kaya para bakul wis apal, cara ngundhakake rega barang sing pas yen ana prastawa wigati, kayata pas ngadhepi Pasa. Adate ing sasi Pasa ngene iki, akeh warga sing padha mbutuhake barang sing maune ora patiya ndhesek, kayata, gula, endhog, gandum, daging, lan liya-liyane. Nanging, biasane para bakul wis nggebyah uyah, kabeh barang diundhakake nalikane ngadhepi sasi Pasa, ya penere ing sasi Ruwah kaya ngene iki, klebu rega bumbon lan jejanganan.
Saben barang-barang wis padha mundhak, mesthi gawe gendrane masarakat. Akeh warga sing padha kangelan nyukupi kabutuhane kanthi undhake rega barang-barang kasebut, amarga kanggone wong cilik adate pametune ora mundhak. Mula undhake barang sethithik wae kanggone dheweke wis krasa abot banget. Kamangka undhake barang iki adate uga nganti sasi Sawal, utawa bubar bakda. Ing sasi Sawal sesuk, racake barang isih dhuwur amarga isih akeh warga masarakat sing padha duwe gawe mantu. Lan mesthi uga wis ajeg, nalika barang-barang wis mundhak, pamarentah ora bisa apa-apa, ora bisa ngendhaleni rega, lan ora bisa mbela wong cilik. Jebule pamarentah kalah pinter karo para bakul. Apa tumon?
Berita
BULAN RUWAH
Bulan Ruwah termasuk salah satu nama bulan Jawa. Jika dalam bulan Arab disebut bulan Syakban. Dinamakan bulan Ruwah, karena di bulan ini, mayoritas masyarakat Jawa melakukan tradisi tabur bunga kepada arwah para leluhur di makam untuk mengirim doa. Tradisi tabur bunga kepada para leluhur itu juga sering disebut nyadran. Maka tidak aneh, harga bunga dan perlengkapannya untuk tabur bunga di bulan Ruwah lebih mahal jika dibandingkan dengan bulan lainnya. Tidak hanya itu, harga-harga lainnya juga ikut naik, karena banyak orang membutuhkan untuk persiapan tradisi nyadran. Yang jelas kebutuhan sehari-hari seperti beras, gula, minyak goreng, dan lainnya kemudian merangkak naik harganya. Pada tradisi nyadran, masih banyak warga masyarakat yang membuat ketan, kolak, dan apem sebagai sarana untuk nyadran.
Bulan Ruwah juga berarti sudah mendekati bulan Puasa atau istilah Arabnya bulan Ramadhan. Sudah menjadi kebiasaan pula, untuk masyarakat Jawa dan juga masyarakat lainnya di nusantara ini yang menyambut bulan Puasa, membuat harga-harga barang ikut naik tajam. Itu sudah biasa dan terjadi menjelang bulan Puasa, tentu harga barang naik. Sepertinya para pedagang sudah hafal, cara menaikkan harga barang yang tepat jika ada peristiwa penting, seperti menjelang bulan Puasa. Biasanya di bulan Puasa seperti ini, banyak warga yang membutuhkan barang yang tadinya tidak begitu mendesak, seperti gula, telur, terigu, daging, dan sebagainya. Tetapi, biasanya para pedagang sudah menyamaratakan, seluruh barang dinaikkan harganya ketika menghadapi bulan Puasa, ya tepatnya di bulan Ruwah seperti sekarang ini, termasuk harga bumbu dan sayuran.
Setiap barang sudah naik, tentu membuat bingung masyarakat. Banyak warga yang kesulitan mencukupi kebutuhannya dengan kenaikan harga barang-barang tersebut, sebab bagi rakyat kecil biasanya penghasilannya tidak naik. Maka dengan kenaikan harga barang sedikit saja bagi mereka sudah terasa sangat berat. Padahal kenaikan harga barang itu biasanya hingga bulan Sawal, atau selepas Lebaran. Pada bulan Sawal nanti, umumnya harga barang masih tinggi sebab masih banyak warga masyarakat yang punya hajat resepsi. Dan tentu juga masih ajeg, ketika barang-barang sudah naik, pemerintah tidak bisa berbuat apa-apa, tidak bisa mengendalikan harga, dan tidak bisa membela rakyat kecil. Ternyata pemerintah kalah pandai dengan para pedagang. Apa mungkin?
Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono







