Beritabudaya » PATINE OSAMA BIN LADEN

PATINE OSAMA BIN LADENSawise digoleki udakara sepuluh taunan, sidane Osama bin Laden bisa ditemokake lan bisa tiwas dening tentara pilih tandhing saka Amerika yaiku Navy Seal, rikala tanggal 1 Mei kepungkur ing kutha Abbottabad, salore Ibukota Islamabad, Pakistan. Mesthi wae, kanthi tewase Osama bin Laden kang dianggep dening Amerika minangka gembonge teroris sadonya kasebut dadi pawarta wigati banget dening masarakat sa-donya. Nalika pawarta iku lagi wae disiyarake dening Obama Presiden Amerika Serikat, isih akeh masarakat donya sing durung yakin, apa bener Osama bin Laden pancen wis tiwas. Nanging baka sethithik, akhire padha percaya yen Amerika wis bisa niwasake Osama bin Laden ing Pakistan.

Osama bin Laden dianggep dening Amerika minangka pawongan sing kudu tanggung jawab ing musibah serangan WTC rikala tanggal 11 September 2001, sepuluh taun kepungkur. Ing musibah iku kurang luwih wong 3.000 warga Amerika kang dadi kurban serangan montor mabur cacah loro kang sengaja ditabrakake marang gedhung kembar WTC ing Amerika Serikat. Mula ora maido, saploke kedadeyan kasebut, lan uga kasus-kasus teror liyane ing pirang-pirang negara, Osama bin Laden wong sing paling diincer dening Amerika Serikat. Malah Amerika Serikat dhewe kaya gawe sayembara, sing sapa bisa niwasake Osama bin Laden, sirahe diregani udakara 200 Milyar Rupiyah.

Tiwase Osama bin Laden mesthi wae gawe senenge wong sing rumangsa dadi korban lan ora sarujuk marang tumindak terorisme. Amarga tumindak teror iku pancen dianggep tumindak kang ora cocog karo ajaran agama apa wae, kang gawe cilakane wong sing dianggep ora luput. Apa sawise tiwase Osama bin Laden, tumindak terorisme bakal ilang? Durung mesthi. Malah bisa uga tansaya mbabrak lan nguwatiri. Mesthi ana pehak-pehak sing kepengin males patine Osama bin Laden. Nalika atine manungsa isih padha serik-serikan, antarane siji lan sijine mesthi bakal congkrah, klebu kasus terorisme.

Berita

TEWASNYA OSAMA BIN LADEN

Setelah dicari sekitar sepuluh tahun, akhirnya Osama bin Laden bisa ditemukan dan dapat tewas oleh tentara pilihan Amerika yaitu Navy Seal, pada tanggal 1 Mei lalu di kota Abbottabad, sebelah utara Ibukota Islamabad, Pakistan. Tentu saja, dengan tewasnya Osama bin Laden yang dianggap oleh Amerika sebagai gembong teroris sedunia tersebut menjadi berita sangat penting bagi masyarakat sedunia. Ketika berita itu baru saja disiarkan oleh Obama Presiden Amerika Serikat, masih banyak masyarakat dunia yang belum yakin, benarkah Osama bin laden memang sudah tewas. Tetapi sedikit demi sedikit, akhirnya semua orang percaya jika Amerika telah bisa menewaskan Osama bin Laden di Pakistan.

Osama bin Laden dianggap oleh Amerika sebagai orang yang harus bertanggung jawab atas musibah serangan WTC pada tanggal 11 September 2001, sepuluh tahun lalu. Pada musibah itu kurang lebih ada 3.000 warga Amerika yang menjadi korban serangan dua pesawat yang sengaja ditabrakkan ke gedung kembar WTC di Amerika Serikat. Maka tidak mengherankan, sejak peristiwa itu, dan juga kasus-kasus teror lainnya di berbagai negara, Osama bin Laden menjadi orang yang paling diincar oleh Amerika Serikat. Bahkan Amerika Serikat sendiri seperti membuat sayembara, barang siapa yang bisa menewaskan Osama bin Laden, kepalanya dihargai sekitar 200 Milyar Rupiah.

Tewasnya Osama bin Laden tentu saja sangat membuat senang bagi orang yang merasa menjadi korban dan tidak setuju terhadap perbuatan terorisme. Sebab perbuatan teror itu memang dianggap perbuatan yang tidak sesuai dengan ajaran agama apapun, yang dapat membuat celaka semua orang yang tidak bersalah. Apakah setelah Osama bin Laden tewas, perbuatan terorisme akan hilang? Belum tentu. Bahkan bisa jadi justru semakin merajalela dan mengkhawatirkan. Tentu ada pihak-pihak yang ingin membalas dendam kematian Osama bin Laden. Ketika hati manusia masih saling membenci, antara satu dengan lainnya tentu akan terus muncul perselisihan, termasuk kasus terorisme.

Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono