Beritabudaya » ENAKE DADI KORUPTOR

ENAKE DADI KORUPTORKasus korupsi ing Indonesia ing saben taune ora saya suda nanging suwalike malah tambah mratah lan nyebar ing ngendi-endi. Meh saben bidhang ana tumindak korupsi. Kaya sing durung suwe iki, kasus korupsi bisa dimangerteni saka pawarta koran, televisi lan internet, uga wis wiwit ngenani ing donyane olahraga. Kasus korupsi ing wisma atlet kang lagi digawe ing Sumatera Selatan kanggo SEA GAMES wiwit kawiyak. Ing donyaning pamarintahan (bupati, walikota, gubernur, pejabat pamarintahan liyane nganti para kadhus), pengadilan, kejaksaan, lan kapolisen isih tetap ajeg, malah tambah parah. Semono uga ing donyaning pendhidhikan wiwit kawiyak uga. Korupsi wis dadi budhayane wong Indonesia. Korupsi dianggep tumindak kang wajar dilakoni sapa wae, luwih-luwih sing duwe jabatan lan panguwasa. Pancen uga isih ana pejabat sing resik, ning sethithik banget yen katandhingake karo pejabat sing padha korup.

Sejatine akeh masarakat sing padha gregeten mangerteni para koruptor kasebut. Apamaneh wis ngerti korupsi, ukumane ora bandhing karo sing dikorupsi. Paribasane korupsine bisa kanggo pitung turunan, nanging ukumane mung telung taun utawa bisa kurang. Beda karo wong maling pitik, wis awake babak bundhas digebuki masarakat, oleh-olehane ora mingsra, ukumane bisa telung sasi. Ing pengadilan wis dikebaki dening para makelar kasus. Negara tansaya tambah bubrah yen penegak keadilane wae wis kelangan budi pakarti sing apik, ora bisa mbedakake bener lan ora.

Sing tambah mangkelake masarakat, para koruptor sing duwe dhuwit bisa sakepanake lelungan menyang negara manca kayata Singapura, Thailand, lan liya-liyane. Negara manca, kayata Singapura dianggep surgane para koruptor. Wong korupsi yen kepengin aman ora kena ukuman bisa wae lunga menyang negara manca kasebut, amarga luwih aman. Wis ngerti yen koruptor iku padha korupsi, nanging akeh sing rumangsa ora nindakake korupsi. Ya kaya ngono iku tumindake para koruptor, wis cetha ngrugekake negara, isih bisa endha, isih bisa lelungan, isih bisa ropyan-ropyan. Pancen penak tenan dadi koruptor iku.

Berita

ENAKNYA JADI KORUPTOR

Kasus korupsi di Indonesia setiap tahunnya tidak semakin berkurang tetapi sebaliknya justru bertambah merata dan menyebar di berbagai sendi kehidupan di mana-mana. Hampir setiap sendi ada perbuatan korupsi. Seperti yang belum lama ini, kasus korupsi bisa diketahui dari berita koran, televisi dan internet, juga sudah merambah ke dunia olahraga. Kasus korupsi pada wisma atlet yang sedang dibangun di Sumatera Selatan untuk keperluan SEA GAMES mulai terkuak. Sementara di bidang pemerintahan (bupati, walikota, gubernur, pejabat pemerintah lainnya hingga para kadus), pengadilan, kejaksaan, dan kepolisian masih tetap ajeg, bahkan bertambah parah. Demikian pula di dunia pendidikan juga mulai terkuak pula. Korupsi sudah menjadi budaya orang Indonesia. Korupsi dianggap perbuatan yang wajar untuk dilakukan oleh siapa pun, lebih-lebih oleh orang yang mempunyai jabatan dan penguasa. Memang masih ada pejabat yang baik, tetapi hanya sedikit jika dibandingkan dengan pejabat yang korup.

Sebenarnya banyak masyarakat yang geram mengetahui ulah para koruptor tersebut. Apalagi sudah tahu melakukan korupsi, hukuman yang diberikan tidak sebanding dengan hasil yang dikorupsi. Ibaratnya hasil korupsi bisa untuk tujuh turunan, tetapi hukumannya hanya tiga tahun bahkan bisa kurang. Berbeda dengan rakyat kecil yang mencuri ayam, sudah tubuhnya babak belur dipukuli masyarakat, hasil curiannya tidak berharga, hukumannya bisa tiga bulan. Di pengadilan sendiri sudah dipenuhi dengan para makelar kasus. Negara semakin rusak jika penegak keadilannya saja sudah kehilangan budi pekerti yang baik, tidak bisa membedakan benar dan salah.

Yang membuat masyarakat tambah jengkel, para koruptor yang banyak uang bisa sesuka hati bepergian ke luar negeri seperti Singapura, Thailand, dan negara lainnya. Negara luar negeri, seperti Singapura dianggap surga bagi para koruptor. Orang berbuat korupsi jika ingin aman terhindar hukuman bisa saja pergi ke luar negeri tersebut, agar lebih aman. Sudah tahu jika para koruptor itu melakukan tindak korupsi, tetapi banyak yang merasa tidak melakukan korupsi. Ya seperti itulah perbuatan para koruptor, sudah jelas merugikan negara, masih bisa mengelak, masih bisa bepergian, masih bisa foya-foya. Memang enak benar jadi koruptor itu.

Teks oleh : Suwandi
Ilustrasi oleh : Sartono